BERITA TERKINI

Pepadi Klaten bekerjasama dengan Oemah Wayang Klaten telah meluluskan siswa pedalangan tingkat dasar pada tanggal 8 September 2012 kemarin dengan lancar tanpa ada halangan apapun. Kesuksesan Pepadi klaten tidak lepas dari dukungan dan doa anda sekalian. Semoga dengan adanya pembelajaran pedalangan ini mampu melestarikan dan mengembangkan dunia pedalangan.

Senin, 20 Juni 2011

PAUGERAN PEDHALANGAN KLASIK GAGRAK KLATEN “ WAYANGAN SELASA KLIWON”

PAUGERAN PEDHALANGAN KLASIK GAGRAK KLATEN
“ WAYANGAN SELASA KLIWON”

A. PAMBUKA
Menggah andhap asoring kapribaden satunggaling Bangsa menika mapan wonten ing andhap inggiling kabudayanipun. Rehing Seni Pedalangan menika mujudaken satunggaling seni ingkang pepak lan inggil drajatipun, karana wonten ing seni pedalangan ngemot sakathaing seni kados to ; Seni Lukis, Kriya, Katuranggan, suara, panggung, sastra, busana, lan sanes-sanesipun, mila mangga sami dipun pepetri murih lestarinipun.
PEPADI Klaten ingkang nggadahi Visi “ Nggayuh Pedhalangan Klaten Dadi Mercusuar Tumrap Njaban Rangkah “ menika mawujudaken angen-angen lan karya ingkang awrat lan dados tanggel jawab sedaya warga masyarakat Pedalangan Klaten

B. PEDHALANGAN KLASIK GAGRAK KLATEN
Pinangka pangembat Pangembaning seni pedhalangan ing Tlatah Klaten, Dewan Kesenian Klaten, Pepadi Klaten, Pemerintah Daerah Kabupaten Klaten lumantar Kantor Informasi dan Kehumasan (RSPD) lan Dinas Kebudayaan Pariwisata Pemuda dan olahraga lan para dalang sepuh, maringi pamrayogi bilih Seni Pedalangan tetep mujudaken punjering TUNTUNAN lan gegambaran utawi Wewayangan ing ngagesang wonten tengah-tengahing bebrayan kemasyarakatan.
Kanthi mekaten pramila Seni Pedhalangan kedah nyakup jangkep Paugeran Pedhalangan Klasik, negngingi tata gelar wayang, adeganipun lan tata gendhingipun tuwin runtuting carios. Senadyan ta seni Pedhalangan ugi mujudaken Tontonan tumraping akathah, pramila sumangga anggenipun pada dhalang ngrekadaya tuwin muwuhi daya cipta murih saget ngremenaken para pamirsa, langkung-langkung menawi wayanganipun menika tanggapan, sedaya kala wau sumangga para Dhalang anggenipun badhe mbabar pakeliran kasumanggakaken mrih gayengipun tontonan lan nyekapi kabetahanipun ingkang naggap tuwin remening para pamriksa.
Pinangka TUNTUNAN lan TOTONAN ringgit wacucal ingkang kagelar wonten ing RSPD saben malem selasa kliwon kaprayoggeaken migunakaken WEWATON PAKELIRAN KLASIK GAGRAK KLATEN ingkang urutanipun mekaten ;
Jejer sepisan, Dhayohan (babak Unjal), Bodhol Jejer, Kedhatonan, Seban Jaba, Kapalan ( Perang Ampyak), Jejer Pindho, Perang Gagal, Magakan ( Jejer Nem Kapindho), Sanga ( Jejer Pertapan/ Gara-Gara), Perang kembang, Sintren (Sanga Pindho), Menyura, Brubuh lan Tancep Kayon.
Nadyan To Mekaten, perlu ugi ningali kabetahan cariyosipun.

C. PANUTUP
Mekaten Menggah Pambudidaya mrih lestantun lan ngrembakanipun seni Pedhalangan Klasik Gagrak Klaten ingkang sampun sinanggit. Mugiya bab menika nuwuhaken raos kaendahan.
Hayu, hayu Rahayu niskala manggih suka basuki pinayungan Rahmating Gusti Allah

Kantandha
1. Ketua Komite Pedalangan Dewan Kesenian Klaten
2. Ketua Persatuan pedalangan Indonesia (PEPADI)
3. Ketua Dewan Kesenian Klaten
4. Kepala RSPD Kabupaten Klaten

Tidak ada komentar:

Posting Komentar